Penginepan nang Bukit Bintang Guci Nawakna Pemandangan Alam sing Apik

Konten Media Partner
13 Maret 2021 21:38 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Penginepan kiyé ana nang kawasan Bukit Bintang perek objék wisata Guci, Kabupatén Tegal. (Foto: Bentar)
zoom-in-whitePerbesar
Penginepan kiyé ana nang kawasan Bukit Bintang perek objék wisata Guci, Kabupatén Tegal. (Foto: Bentar)
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
TEGAL - Penginepan sing nuansané pemandangan alam saiki ana maning nang wilayah objék wisata Guci, Kabupatén Tegal. Saiki, ana tempat nginep sing model glamping utawa bahasa inggrise kuwé Glamor Camping.
ADVERTISEMENT
Penginepan kiyé ana nang kawasan Bukit Bintang perek objék wisata Guci, Kabupatén Tegal. Tempat sing nduwéni pemandangan éksotis utawa indahé por kiyé buka molai wulan Maret 2021.
Teguh Bintoro, sing dadi pengelola, ngomong penginepan kiyé setara karo hotél bintang telu. Penginepan kiyé ana nang aréa wisata sing nekakna spot selfie ala China, Koréa, lan Jepang. Tapi ora ngilangna kearifan lokal.
"Jumlah spot selfie mengkoné ana 70 titik. Tapi durung kabehané dibangun, sing dadi ikon mengkoné yakuwé pan dibangun prosotan rasaksa, giant swing, lan jembatan kaca 3D. Kabehané ésih neng tahap pembangunan," omongé Teguh.
Teguh nambahi, penginepan kiyé bisa dadi alternatif nggo wisatawan sing pada plesir maring Guci. Nggo sa kamar bisa nggo loro nganti telung wong.
ADVERTISEMENT
Nggo tikét manjing Bukit Bintang Rp 20 éwu. Sementara nggo penginepan Glamping Rp 700 éwu sawengi.
"Lah, angger nggo rega nginep nang wulan Maret kiyé ésih promo. Ana potongan Rp 200 éwu," jaréné. (*)