Nyucus Anak Majikané sing Ésih SD, Wong Nom nang Tonjong Brebes Ditangkep Polisi

Konten Media Partner
7 November 2022 19:49 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Bocah enom sing inisialé AR (21) wayah digiring polisi.
zoom-in-whitePerbesar
Bocah enom sing inisialé AR (21) wayah digiring polisi.
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
BREBES – Bocah enom sing inisialé AR (21) ditangkep daning tim Unit Reskrim Polsek Tonjong Polres Brebes. AR ditangkep gara-gara wis nyucus bocah wadon sing ésih kelas 6 SD.
ADVERTISEMENT
Koluné, korban yakuwé anak majikané pelaku sing ngodé dadi tukang ngumpulna rongsok. Kasus kiyé keungkap wektu bos rongsok utawa bapané korban ngonangi karyawané lagi ana neng kamaré anaké.
Sadurungé kuwé, bapané korban bareng karo bojoné pamit maring karyawané pan njukut barang rongsok neng tempat liyané. Wektu anjog umah, dhéwéké ngonangi karyawané lagi neng njero kamaré korban.
Kepala Désa Kutamendala Kecamatan Tonjong Fatchuri ngomong, dhéwéké ndampingi korban maring Unit Pelayanan Perempuan dan Anak (PPA) Satreskrim Polres Brebes, dina Jemuah (4/11/2022) wingi.
Sementara pelaku langsung ditahan nang Rutan Mapolres Brebes. Pelaku lan korban yakuwé ésih sa désa. Wektu ditangkep, pelaku ngakoni kelakuané.
“Wektu kuwé pelaku ditakoni daning liliké korban lan langsung ngakuni kelakuané. Latané pelaku langsung digawa maring Polsek Tonjong nggo mertanggungjawabna kelakuané,” jaré Fatchuri, dina Ahad (6/11/2022).
ADVERTISEMENT
Awalé, jaréné, korban ora wani ngaku yén dhéwéké wis dicucus pelaku. Tapi bapané curiga soalé pirang dinahan kiyé korban murung baé. Bapané ya negesi terus, sing akhiré korban ngaku wis dicucus pelaku neng kamaré. Korban ngaku nembé sapisan dicucus daning pelaku.
“Wektu kuwé bapané curiga, korban mlakuné béda ora kaya biasané. Latané murung baé, ora ceria kaya dina biasané. Akhiré bapané kiyé nakoni korban,” jelasé.
Kapolsek Tonjong, Iptu Teguh Adi Winarko ngomong, pelaku sempet diamana nang Polsek Tonjong saduruné digiring maring Mapolres Brebes. Saiki kasus kuwé dilimpahna maring Unit PPA Satreskrim Polres Brebes.
“Iya ana kasus nyabuli, tersangka wis digawa maring Mapolres lan lagi ditangani daning Unit PPA Satreskrim Polres Brebes,” jaré Adi Winarko. (*)
ADVERTISEMENT