Nylekamin! Duréné Wong Rajawétan Brebes Rasané Manis Lan Kandel-kandel

Konten Media Partner
22 Januari 2021 21:21 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Durian lokal Rajawetan, Kecamatan Tonjong, Kabupaten Brebes. (Foto: Irsyam Faiz)
zoom-in-whitePerbesar
Durian lokal Rajawetan, Kecamatan Tonjong, Kabupaten Brebes. (Foto: Irsyam Faiz)
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
ARAN Désa Rajawetan, Kecamatan Tonjong, Kabupatén Brebes wis ora asing maning nggo wong-wong sing pada seneng durén. Nggal taun nang wulan Désember, Januari, lan Fébruari, désa kiye terusan dadi tujuan nggo warga Tegal, Brebes, lan sekitaré nggo ngnikmati durén.
ADVERTISEMENT
Nang ungsum panén taun kiyé, tim PanturaPost duwé kesempatan ngnikmati durén Rajawetan nang Kebon Antap Sari, dina Slasa (19/1/2021). Masa panén dina kiyé séjén karo sadurungé. Stok durén uga ésih kewates. Sing duwé kebon ora bisa nyediakna stok sing luwih akéh.
Soalé kuwé, sing-tuku mung bisa nyicipi durén lokal sing dipanén langsung seka kebon seamba nem héktar kuwé. Senajan mung durén lokal, rasané tetep manis lan nylekamin. Dagingé uga kandel lan teksturé lembut. Senajan ora sakandel lan selembut durén montong utawa bawor.
Saliyané lokal, sabeneré ana akéh pilihan werna durén nang Kebon Antap Sari. Nang antarané werna Montong Gold, Montong, Sitokong, lan Cané. Tapi durén werna kuwé saiki durung ana.
ADVERTISEMENT
Jaréné Subhanudin, sing duwé kebon Antap Sari, ungsum panén taun kiyé cuaca kurang apik. Mugané hasil panén ora seakéh taun sadurungé.
“Soalé wayah ungsum panén udan terus. Dadi wit ora duwé wektu nggo uwoh. Kembangé ambrol terus. Paling ora, butuh wektu sa wulan ébén kembangé ora ambol. Lan lawasé masa pembuahan kuwé aja sering-sering kena udan,” jelasé Subhan.
Jaréné Subhan, nang ungsum panén taun disit, seka séwu rongatus wit nang kebon-né bisa ngasilna nganti séwu satus rongpuluh durén lawasé wulan Désember 2019 ngantikan Marét 2020. Tapi dina kiyé, jumlahé temurun ngantikan 90 persén. Artiné dina kiyé dhéwéké mbené panén sekitaréng satus rolas durén. Nggo ngindangi akéh wong sing pada pesen, dhéwéké ya kepaksa njukut seka luar kota.
ADVERTISEMENT
“Tapi mung durén lokal. Kuwé ya dhéwék tetep weruh kualitasé. Dhéwék usaha mékena sing paling apik nggo konsumén. Mukur angger nggo montong, bawor lan liya-liya, nyong ora wani (jukut seks jaba), soalé rasané séjén adoh karo produk seka kéné (Antap Sari) ,” jaréné.
Jaréné Subhan, saiki ésih ana wolungatus wit nang kebon-né sing siap uwoh. Angger lawasé Fébruari ora udan, bisa dipastikna nang wulan Agustus 2021 mengko wit-wit kuwé wis bisa panén. “Nggo prosés pembuahan mbutuhna wektu sekitaréng nem wulan,” jaréné.
Nggo rega durén lokal, dhéwéké mbandrol séket éwu per kiloné. Rata-rata durén lokal nang kana aboté sekitar rong kilo. Aja kuwatir kena zonk wayah tuku durén nang kana. Soalé, sing-tuku bisa milih lan mbuka dhéwék nggo mastikna durén kuwé duwé kualitas.
ADVERTISEMENT
“Angger nang kéné rasané dijamin. Angger ora manis bisa dibalakna ganti sing anyar,” jaréné. (*)