Duda nang Brebes Kiyé Dicekel Polisi Gara-gara Ngapusi Randa Nganti Papat

Konten Media Partner
28 Mei 2022 21:20 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Triwaluyo (28), warga Tanjungsari Kecamatan Wanasari Kabupaten Brebes, diringkus tim gabungan unit Reskrim Polsek Wanasari dan Satreskrim Polres Brebes.
zoom-in-whitePerbesar
Triwaluyo (28), warga Tanjungsari Kecamatan Wanasari Kabupaten Brebes, diringkus tim gabungan unit Reskrim Polsek Wanasari dan Satreskrim Polres Brebes.
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
BREBES - Duda enom sing arané Triwaluyo (28), warga Tanjungsari, Kecamatan Wanasari, Kabupatén Brebes dicekel daning tim gabungan unit Reskrim Polsek Wanasari lan Satreskrim Polres Brebes. Dheweke ditangkep gara-gara ngapusi randa nganti papat.
ADVERTISEMENT
Duda enom sing umure esih 28 taun kuwe wis ngapusi wong papat ngantikan puluhan juta. Malah, salah siji korbané ana sing meteng.
Kasat Reskrim Polres Brebes AKP Syuaib Abdullah ngiyakna kekait penangkepan kuwé. Pelaku dicekel gara-gara laporan seka korban sing ngaku wis diapusi ngantikan puluhan juta.
"Pelaku kiyé bisa dicekel nang umahé dina Kemis (27/5), sawisé salah siji korban ngrayu dhéwéké nggo ejak mangan bareng. Pas pelaku metu seka umahé langsung dhéwék cekel," jaré Syuaib Abdullah, dina Jemuah (27/5/2022).
Seka penyidikan sementara, jaréné, pelaku dinyana wis nipu lan nglakoni penggelapan maring 4 korban sing wis nglaporna maring Polres Brebes. "Sejauh kiyé wis ana 4 wong sing nglaporna, lan kasusé wis diprosés," imbuhé.
ADVERTISEMENT
Modusé pelaku maring salah siji korban awalé kenalan neng média sosial pas akhir taun 2021 wingi. Latané pelaku macari utawa njalin hubungan karo korban.
Sawisé kuwé pelaku njaluk korban nyilihna duwit karo modus nggo modal nanem bawang. Merga korban ora nduwéni duwit akhiré korban nyilihi BPKB motor. Motor kuwé terus digadaikna maring koperasi.
"Tapi ngantikan waktuné, pas ditagih pelaku terusan mukir ngantikan korban ngalami tuna ngantikan Rp 10 juta," ungkapé Syuaib.
Kekait anané anceman pelaku maring korban, pihaké ésih terus nylidiki, termasuk ndéyan maring korban liyané. Gara-gara kelakuané, pelaku disangka pasal 372 lan 378 karo anceman ukuman 4 taun penjara. (*)