Bégal sing Maténi Ojol nang Brebes Kecekel, Kémpolé Dibedhil Daning Polisi

Konten Media Partner
12 Juni 2021 17:00 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Polisi akhiré nyekel bégal sing maténi ojol nang Kersana, Kabupatén Brebes, dina Jemuah (11/6/2021) wingi.
zoom-in-whitePerbesar
Polisi akhiré nyekel bégal sing maténi ojol nang Kersana, Kabupatén Brebes, dina Jemuah (11/6/2021) wingi.
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
BREBES – Polisi akhiré nyekel begal sing maténi ojol nang Kersana, Kabupatén Brebes, dina Jemuah (11/6/2021) wingi. Kémpolé kepaksa dibedhil daning polisi gara-gara nglawan wayah pan dicekel.
ADVERTISEMENT
Pelaku dicekel daning tim gabungan Réskrim Polsék Kersana lan tim Résmob Satréskrim Polrés Brebes, nang umah sing ana nang Désa Sengon Kecamatan Tanjung Kabupatén Brebes sekitar jam telu soré.
Wayah nangkep pelaku, anggota dipimpin daning Kepala Unit (Kanit) I Satréskrim Polrés Brebes Aiptu Titok Ambar Pramono.
Kepala Satuan Reserse Kriminal (Satréskrim) Polrés Brebes AKP Hadi Handoko ngiyakna ari begalé kuwé wis dicekel.
"Ya pancén bener, soré kiyé anggota tim gabungan Réskrim Polsék Kersana lan Tim Résmob bisa nangkep pelakuné," omongé Hadi Handoko.
Pelaku yakuwé Ahmad Jamaludin (21) warga Kecamatan Tanjung Kabupatén Brebes. Saiki, jaréné, polisi ésih nglakoni pemeriksaan luwih lanjut maring pelaku.
Pelaku saiki dibloskkna nang penjara Mapolres Brebes. Dhéwéké sempet dirawat nang IGD RSUD Brebes gara-gara dibedhil nggon kémpol kiwané.
ADVERTISEMENT
Sadurungé, korban arané Slamet Ariswanto (33) kuwé ditemukna ninggal nang Flyover Kramatsampang, Kecamatan Kersana, Brebes. Kondisi warga Désa Dampyak, Kecamatan Kramat, Kabupatén Tegal kuwé ngenes nemen karo dikebeki luka obong.
Slamet dinyana dadi korban bégal. Perkiraan kuwé nyungat sawisé motor lan barang-barang ndéké korban ora ditemukna nang TKP.
Polisi ngungkapna, sing nggawé ninggalé ojol kuwé gara-gara ngalami luka-luka nang nggon endas. Kiyé nganggo dasar hasil autopsi daning Biddokes Polda Jateng.
"Sing nggawé ninggalé korban soale ngalami luka endas nang nggon mburi gara-gara dikanthem," omongé Hadi Handoko.
Dhéwéké nambahi, saliyané luka-luka nang nggon endas, uga ditemukna luka obong nang nggon tangan, sikil, lan rai korban.
"Lukané patah tulang dasar tengkorak lan tugel balung mburi. Dadi sadurungé diobong, korban dianiaya disit," jelasé. (*)
ADVERTISEMENT