Wong Angon Bébék Nemukna Jasad Embah-Embah nang Tengah Sawah Brebes

Konten Media Partner
20 Mei 2022 19:51 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Petugas wayah evakuasi jenazah embah-embah sing ditemukna warga nang tengah sawah Brebes.
zoom-in-whitePerbesar
Petugas wayah evakuasi jenazah embah-embah sing ditemukna warga nang tengah sawah Brebes.
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
BREBES — Sempet ilang lawasé telung dina, embah-embah kiyé ditemukna ninggal dunya nang nggon sawah sing ana nang Désa Sawojajar, Kecamatan Wanasari, Kabupatén Brebes, dina Kemis (19/5) awan.
ADVERTISEMENT
Jasad sing dingerténi arané Sahirin (84) yakuwé warga désa setempat. Jaré penuturan pihak kluwarga, mbah Sahirin ngilang sajegé telung dina wingi.
Kapolsek Wanasari AKP Mulyono ngomong, korban pertama pisan ditemukna daning warga sing lagi angon bébék nang nggon sawah sing ana nang wilayah Désa Sawojajar, Kecamatan Wanasari.
"Pas ditemukna pertama pisan daning warga, kondisi korban wis ninggal dunya. Jasad korban ngglétak karo posisi miring, keadaan awak lan rai wis mbengkak uga ngetokna mambu ora énak," jaré Mulyono.
Warga sing nemukna pertama pisan kuwé selanjuté laporna kedadénan kuwé maring Lurahé.
"Olih laporan seka Lurah, anggota Polsek Wanasari latané nekani TKP bareng karo tim médis seka Puskesmas Wanasari nggo ngévakuasi jasadé korban," jelasé.
ADVERTISEMENT
Seka keterangan Ahmad Faizin yakuwé anak kandungé korban, bapané ngilang seka umah sajegé telung dina wingi lan kondisiné linglung. "Pihak kluwarga nrima ari kedadénan kuwé yakuwé blai lan nolak nggo dilakoni autopsi," jaréné.
Seka hasil pemeriksaan tim médis, jaré Kapolsek, bagian awak lan rai mbengkak, dinyana korban ninggal dunya wajar 3-5 dina, lan ora ditemukna tanda-tanda kekerasan neng awaké korban.
"Sawisé diévakuasi lan dipriksa tim médis, jenasah korban latané diwékena maring kluwarga nggo dimakamna nang kuburan désa kononé," pungkasé. (*)